Gethuk

Sore sore Padang bulan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e ... do gegojegan

Kae-kae rembulane
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore

...Gethuk
Asale soko telo mas
...Moto ngantuk
Iku tambane opo

...Ala ala gethuk
Asale soko telo mas
...Yen rak pethuk
Atine rodo gelo

Ojo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo

 

DONDONG OPO SALAK

dondong opo salak
duku cilik cilik
ngandhong opo mbecak
mlaku thimik thimik
adi ndherek ibu
tindhak menyang pasar
ora pareng rewel
ora pareng nakal
mengko ibu mesti
mundhut oleh-oleh
kacang karo roti
adi diparingi

 

Uyon-uyon dening Nyi Tjondrolukito

Uler kambang, kuthut manggung

Palaran pangkur, wolak walik