Basa Jawi
Unit 3
Ing Pasar
A. 1. Angka (Numbers)
NGOKO
KROMO
INDONESIA
Siji
Setunggal
Satu
Loro
Kalih
Dua
Telu
Tiga
Tiga
Papat
Sekawan
Empat
Limo
Gangsal
Lima
Enem
Enem
Enam
Pitu
Pitu
Tujuh
Wolu
Wolu
Delapan
Songo
Songo
Sembilan
Sepuluh
Sedasa
Sepuluh
Sewelas
Sewelas
Sebelas
Rolas
Kalih welas
Dua belas
Rong puluh
Kalih dasa
Dua puluh
Selikur
Selikur
Dua puluh satu
Rolikur
Kalih likur
Dua puluh dua
Selawe
Selangkung
Dua puluh lima
Seked
Seked
Lima puluh
Swidak
Swidak
Enam puluh
Pitung puluh
Pitung dasa
Tujuh puluh
Satus
Setunggal atus
seratus
Sewu
Setunggal ewu
seribu
Sayuta
Setunggal yuta
sejuta
Tuladha
575 = limang atus pitung puluh limo
gangsal atus pitung dasa gangsal
1968 = sewu sangang atus swidak wolu
setunggal ewu sangang atus swidak wolu
2. EXERCISE
Unekno angka-angka iki. (pronounce these numbers)
4 7 11 15 20 21 23 25 48 50 56 125
62 31 10 800 950 369 672 1100 2006
B. 1. Preposition
NGOKO
KROMO
ENGLISH
ing, ning
wonten
In, on, at
menyang
dateng
To somewhere
saka
saking
from
Tuladha:
Baskoro lungo menyang Suroboyo.
Baskoro kesah dateng Surabaya.
Baskoro pergi ke Surabaya
Rahayu nyambut gawe ing rumah sakit.
Rahayu nyambut damel wonten griya sakit.
Rahayu bekerja di rumah sakit
Pakdhe Harjo bali saka Solo.
Pakdhe Harjo kondur saking Solo.
Paman Harjo pulang dari Solo
2. Excercise
Wangsulana pitakon-pitakon iki.(Answer these questions)
1. Ana ing ngendi bukumu?
______________________________________________________________
2. Minggu wingi kowe lunga menyang ngendi?
______________________________________________________________
3. Bu Surti saka ngendi?
______________________________________________________________
4. Dheweke nyambut gawe ana ing ngendi?
______________________________________________________________
5. Kowe asli ngendi?
______________________________________________________________
6. Wonten pundi panjenengan ngasto damel?
______________________________________________________________
7. Panjenengan sedaya badhe dateng pundi?
______________________________________________________________
8. Aslinipun kangmas piyambakipun saking pundi?
______________________________________________________________
Blanja Ing Pasar Demangan
Sari karo Arum blanja ing Pasar Demangan ing dina Minggu. Pasare cilik, nanging wong-wong sing pada tuku akeh banget. Sari karo Arum arep tuku sayur-sayuran, lawuh, lan buah-buahan.
Sari
: Bu, bayemipun pinten reginipun?
Ibu
: Rongatus sak unting.
Sari
: Saged kirang reginipun? Satus, nggih?
Ibu
: Ora iso Nduk. Kulakane larang, kok.
Arum
: Satus seked, Bu. Tumbas kalih unting.
Ibu
: Ora, Nduk.
Sari
: Nggih sampun. (Sari karo Arum lunga saka bakul mau)
Ibu
: Nduk…Mreneyo… yo wis satus seked sak unting. Kowe tuku loro, to?
Sari
: Inggih, Bu. Tumbas wortel gangsal atus, kacang lanjar tigang atus, tahu sekawan,
tempe sedasa, kaliyan bumbu pawon setunggal atus seked.
Ibu
: Kabeh regane telung ewu pitung atus.
Sari
: Menika arta kula gangsal ewu rupiah.
Ibu
: Iki Nduk, susuke sewu telung atus.
Sari & Arum
: Matur nuwun, Bu …
2. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki.(Answer these questions)
1. Neng endi Sari blanja?
2. Apa wae sing dituku Sari?
3. Piro regane bayem saunting?
4. Apa awake dhewe iso ngenyang rego ing pasar?
5. Piro regane kacang lanjar?
6. Sari tuku tempe piro?
7. Piro dhuwite Sari?
8. Pira sing diblanjake Sari kanggo tuku sayur-sayuran, lawuh lan bumbu?
3. Wacanen sing seru.(Read out loud)
Ing Pasar
Akeh wong dodolan lan blanja ing pasar. Buah-buahan lan sayur-sayuran sing isih seger uga bumbu-bumbu pawon ana ing pasar. Regane ora larang lan iso ditawar. Buah-buahan ing pasar warna-warni, kayata : kates, gedhang, pelem, nanas, apel, jeruk, manggis, rambutan, lan salak . Semana uga sayur-sayuran. Ana bayem, kobis, wortel, kacang lanjar, cambah lan sawi. Ing pasar awake dhewe uga iso tuku beras, gula, uyah lan bumbu pawon.
4. Wangsulana pitakon-pitakon iki. (Answer these questions)
1. Piye pasar ing Amerika?
2. Apa kowe blanja ing pasar?
3. (Nek jawaban nomer loro ora) kowe blanja ing endi?
4. Apa sing biasane tok tuku ing pasar?
D. CULTURAL NOTES:
- Once you bargain and the seller agree, you have to buy it.
- You have to bargain from the half price of the price then increase it little bit until both of you agree. If it's difficult to find the agreement, just leave the seller and try another seller.
- You can bargain all the things in the market, except rice, oil, and some ingredients.
- Don't forget to say "matur nuwun" to the seller after buying something.
WORDS LIST
NGOKO
KROMO MADYA
KROMO INGGIL
INDONESIAN
akeh
kathah
kathah
banyak
arep
badhe
badhe
akan
bakul
bakul
bakul
penjual
banget
sanget
sanget
sangat
beras
uwos
uwos
beras
cilik
alit
alit
kecil
dina
dinten
dinten
hari
duit
arta
arta
uang
gedhe
ageng
ageng
besar
isih
taksih
taksih
masih
kulakan
kilakan
mundhut kilakan
Membeli untuk dijual lagi
larang
awis
awis
mahal
lawuh
lawuh
dhahar lawuh
lauk
mau
wau
kala wau
tadi
mreneyo
mriki
mriki
ke sini
nanging
nanging
nangil
tetapi
rego
regi
regi
harga
seger
seger
seger
segar
susuk
wangsul
kondur
kembalian
tuku
tumbas
mundhut
membeli
uyah
sarem
sarem
garam